Piweling Mring Putu

Kaanggit déning: Éyang Abiyasa

Putu… aja slra lirwa ing pitutur luhur…
Guru kang iklas paring ilmu mring sira…
Datan ana rasa kuciwa…
Paring ilmu dalah pituduh mulya… nadyan dianggep ora duwé rega.
Putu… aja pisan pisan agawé lara marang kang paring ilmu…
Awit urip mono ora amung njagakné mring wong tuwa…
Nadyan urupé wong tuwa mulya…anggawa pangkat dhuwur…
Ora bisa agawé uripmu mesthi luhur…
Uripé guru prasaja… aja digawé daksiya…
Salah sithik… anggoné nylenthik sliramu…
Supaya putu bisa nyecep ilmu…
Aja sithik- sithik purik…
Lapor marang wong tuwanira…
Yèn gurumu kok anggep nyiksa…
Slenthiking guru supaya slira bisa necep.ilmu…
Tanpa duwé rasa yèn iku milara…
Aja salah tampa…
Putu… kaé tontonen…
Para siswa ing jaman samana…
Uripé saiki padha mulya…
Amarga ora naté duwé rasa gela marang gurunira…
duk nalika semana…
Nadyan nalika samana ya kena slenthik lan gitik…
Eling di diéling… guru dudu maling… aja nganti kok gawa ngadhep ing ngereping polisi.
Putu… iki pituturé éyangmu.*

Koran DIVA Cetak Edisi 1066, Terbit Tanggal 27 April 2026

spot_img

BERITA TERBARU

BERITA TERKAIT
Related