Parikan Minggu Ini: 27 April 2026

1. Mangan kupat wédang tawa, numpak bémo warna coklat. Wakil rakyat kélangan wibawa, awit didhémo déning rakyat.
2. Numpak bémo warna coklat, adol kurungan numpak pit. Awit didhémo déning rakyat, kunjungan kerja ngentèkné dhuwit.
3. Adol kurungan numpak pit, lawang sak tangkep pira regané. Kunjungan kerja ngentèkné dhuwit, awit dianggep gak ana gunané.
4. Lawang sak tangkep pira regané, ana maling lagi dikèlèr. Awit dianggep gak ana gunané, paling paling ya amung nglèncèr.
5. Ana maling lagi dikèlèr, bakul rokok kok dibégal. Paling paling ya amung nglèncèr, panggawèyan pokok malah ditinggal.
6. Bakul rokok kok dibégal, lagi payungan udané kok rata. Panggawéyan pokok malah ditinggal, alasan kunjungan kerja nyang luar kota.
7. Lagi payungan awit udané rata, pari wanci ketiga lagi dipanèni. Alasan kunjungan kerja ing luar kota, muga muga ora bakal dibalèni.

Koran DIVA Cetak Edisi 1066, Terbit Tanggal 27 April 2026

spot_img

BERITA TERBARU

BERITA TERKAIT
Related