Kumpulan Parikan bulan Desember 2020

  • Tuku saos entuk sirup, santen klapa mambu suruh. Kadinsos tansah tinutup, yen ditakoni jawabe gak weruh.
  • Burung walet dipangan tikus, tuku kaos entuk wus bolong. Satu paket iku pirang bungkus, wong kok ya dipotong.
  • Tuku rempeyek rasane cemplang, neng tengah prapatan ana ulane. Yen jeneng kudu dile-lang, bareng dilelang ana apane.
  • Nandur kelor ning tengah sawah, tuku getuk nyang . Tahun wingi kontraktor wis bermasalah, tahu sesuk koq yo diwenegi gawean maneh.
  • Sambel kecap sayure kangkung, sego tumpah dicucuk pitik. Hasile tes usap bakale sedino ram-pung, amargo saiki wis duwe alate dewe.
  • Mlampah ngangge sandal jepit, budal mergawe kok ora pamit. Sabendino ngitung duwit, pegawai terpapar Covid.
  • Bong kuburan cino, wong nek sombong bakal ciloko. Bong kuburan mayit, wong nek sombong bakal kejepit.
  • Pilih ungker apa brownies. Pakai masker tetep manis.
  • Wedang bubuk tanpa . Jo sok ngantuk gelis tuwo.
  • Wajik kletik gulo jowo. Luwih becik sing prasojo.
  • Pak nyambut gawe. Entuk undangan titip tonggo wae.
  • Sego pecel lawuhe tempe. Duwit ora nyekel pacar ora nduwe.
  • Godong salam godong sirih. Rasah salaman mending mulih.
  • Jangan bung ditambah pare. Dadi wong ojo angel kandanane.
  • Hirup udara dipantai carita, bintang di langit bulan di angkasa. Hidup ini sederhana, yang rumit itu pikiran kita.
Baca Juga:  Parikan, Rubrik Budaya Jawa yang Masih Dilestarikan Koran Diva

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *